Angling Darma ( Bhs. Jawa )
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pramesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandheg. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Jayabaya duka marang Astradarma, banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let suwe Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.
Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi. Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneg wanita mau, anakke Resi Maniksutra. Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kan aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke banjur nantang adu kasekten karo Anglingdarma. Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara. Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas. Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling. Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake crita mau.
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika, “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”. angling njaluk Aji Gineng, kanthi syarat Angling ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe.
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe. Setyowati serik, ngira yen Angling ngece Setyowati sing asale saka desa. Nadyan wis diterangake kayangapa, Setyawati panggah ora trima. Banjur..”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman. Iki mau amerga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan mau.” Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau, “Menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah. Kula badhe pati obong.” Tangise Styowati.
Setyowati nglakoni pati obong tenan. Angling arep nyusul bojone, ananging ora sido merga krungu guneme wedhus kang isine nyindhir dheweke. Angling banjur mudhun saka panggungan. Luwih becik ngayomi rakyate sing isih butuh dheweke. Setyowati nekad nyemplung geni kang mulat-mulat.
Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase. Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. Bathara guru mrintahake Setyowati supaya manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten Bojonegoro. Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati.
Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. Angling ora oleh lunga menyang endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.
Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.
Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling. Widati nangekake Angling, lan dadi padu. Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit, Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang Klungsur.
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi, banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane.
Ora suwe…”Kanggo mbuktekake endi Ki Bremana asli, kekarone kudu bisa mlebu ing kendi iki. Yen bisa mlebu, ya kuwi Bremana asli.” Kandane klungsur mancing Bremana palsu. Salah sijine bisa mlebu tenan neng jero kendi. Kendi mau ditutup, banjur dipecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas. Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe nliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake. Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.Adipati Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
by FITRI N
Post a Comment for "Angling Darma ( Bhs. Jawa )"